Laman

Monday, October 9, 2017

PANTUN UNTUK GURU (versi Bahasa Jawa)

📚Pantun Untuk Guru📚

Tangi turu
Ngombe sak gelas
Dadi guru
Ayo pada sing ikhlas.

Mecahi watu
Nganggo palu
Budhal setengah pitu
Mulih jam telu

Nang nggon kepuh
Arep tuku dipan
Budhal gupuh2
Gak kober sarapan.

Gak ana korek
Malih nggawa senter
Mulang arek2
Supaya dadi pinter.

Tuku sega iwake sepat
Mugo2 ilmune manfaat.

Anake turu
Ibune keluyuran
Enake dadi guru
Murid Soleh oleh ganjaran.

Iwak bethik sambele terasi
Tapi nek salah tithik dilaporne polisi.

Turu nang omahe pak Soleh
Disuguhi  bayem
Guru sak iki bayarane akeh
Atine podo ayem.

Tempene cak Khair
Dipangan ulo
Nek TPP ne ora cair
Yo ojo ngersulo

Budal derep
Liwat Semampir
Ojo diarep-arep
Ngko ujug-ujug lak cair...

Mugo-mugo dadi penyemangat ...

Amiinn..........

0 comments: